Sabtu, 12 Desember 2015

Pratondho Soko Rogo

Pratondho Soko Rogo

💥 Yèn sliramu tuwo terus ompong;
Iku pertandhanè sedhèlo manèh bakalè ngerong;
Mulanè urip ojo dadi wong sombong;
Mengko kabèh amalè iso kobong.

💥 Yèn sliramu tuwo terus kisut;
Iku pertandhanè sedhèlo manèh mlebu luwèng ciut;
Mulanè urip ojo Lacut;
Anggonè maksiat ojo kebacut;
Lan ojo di lanjut.

💥 Yèn sliramu tuwo terus rambutè putih;
Kuwi mertandhanè yèn sedèlo manèh bakalè mulih;
Mulanè yèn urip sing ikhlas ojo tansah pamrih;
Ngèlingono nyowo iki amung nyilih.

💥 Yèn sliramu tuwo terus mripatè rabun;
Iku mertandhani nyowo wis cedhak ubun-ubun;
Mulanè ènggal nyuwun ampun;
Supoyo tembè yèn wis mati ora getun.

💥 Yèn Sliramu tuwo terus wungkuk;
Kuwi mertandhanè yèn urip kari sèsuk;
Mulanè ènggal di akèhi anggonè rukuk;
Karo peraturan agama kudu tundhuk.

💥 Yèn sliramu tuwo terus wetengè njemblung alias gendut;
Dudu kok mergo isinè welut;
Ayo podho nyuwun pangapuro sedoyo laku sing luput;
Bèn ikhlas yèn sak wayah-wayah nyowo iki di pundhut.

💥 Yèn sliramu tuwo untunè akèh sing ucul;
Kuwi mertandhani nyawa sedhèlo manèh bakal mumbul;
Mulanè njaluk pangapuro sakdurungè dipikul;
Ora iso ngibadah yèn awak wis dipendhem nggawè pacul.

Mugi hing titi wancinipun KaparingoNo margi hingkanga gangsar saé pinanggih hing husnul khotimah 🙏

Tidak ada komentar:

Posting Komentar