Minggu, 06 Desember 2015

Sodrun dadi Malaikat

Badrun karo Sodrun arep nyolong jeruk neng kebon cedhak kuburan.
Lagi oleh setengah karung ana asu njegog wong loro mlayu wedi selak konangan wong. 
Tekan ngarep tugu kuburan jeruke tiba loro ngglindhing ditinggal wae, banjur cepet2 umpetan neng suwaliking kijing.
Bareng wis kira2 aman tenan wong loro banjur bagi hasil, "aku siji kowe siji ...... aku siji kowe siji ..... aku siji kowe siji", ngono mau nganti ana wong liwat. Jebul sing liwai Paijo. 
Paijo kaget banjur mandheg mrinding krungu swara seka kuburan, "aku siji kowe siji .... aku siji kowe siji .... aku siji kowe siji.
Saking wedine Paijo mlayu neng nggone Pak Kyai sing daleme cedhak kono. Banjur matur Pak Kyai karo wel-welan awake merga keweden. 

Pak Kyai dijak ngindhik swara mau Paijo ana mburine Pak Kyai karo nyekeli sarunge Pak Kyai. Seka ngarep tugu kuburan krungu swara aku siji kowe siji kaya mau.
Paijo : Pak Kyai napa niku swantene malaikat etung2 nyawa manungsa sing mpun bar dijabut ajeng dilaporke Sing Maha Kuwaos nggih Pak?
Pak KYai : Mbuh aku dhewe ora paham!
Badrun karo Sodrun sing neng njero kuburan neruske omong2an : Saiki wis rampung kari loro sing ana ngarep tugu arep kowe apa aku sing njupuk?
Njenggirat kamigilan Paijo karo Pak Kyai mbradhat mlumpat kalen nganti sandhale keri lan sarunge mlorot.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar